KPK 1 - Allah Maha Kwasa

1. Bumi dalah saisinya kang nitahken yeku Gusti
tinalesan srana samodra tumumpang ing kali kali
yekti Allah Maha kwasa yogya tansah pinuji puji.

2. Kang kepareng ngabyantara aneng pedaleman suci,
kang resik tangan wah manahnya, tan nate dosa ing lathi,
yeku tyang mursid sanyata setya tansah dumugeng janji.

3. Berkahing Pangeran tumrah mring tyang ajrih asih yekti,
gesang tentrem rahayu tansah wit kaadilaning Gusti,
tyang kang tansah ngudi Allah kangen Gusti rina lan wengi.

4. Gapuraning Padaleman kangkata mrih omber sestu,
krana Sang Ratuning kamulyan badhe langkung tindak mlebu,
yeku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa Allahmu.

KPK 2 - Allah Mbabarken Kwasanya

1. Allah mbabarken kwasanya pra kang nglawan kasirnakna lir lilin kenging brama,
nging gung tyang mursid raharja memuji lan sukarena ngarseng Allah Ma mulya,
Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara
ngluwari tyang siniya temahan ngraosken begja
dene tyang wangkot mbalela siniksa bebendunya.

2. Allah mbelani pra umat ngagem sarana mukjijad wah salir kang neng jagad,
Pangeran ngrentahken berkah kang ngrimat sagunging titah temah kraharjan anjrah,
wit kadarmaning Pangeran tyang tinindhes kaluwaran,
datan wonten panandhang ing rehing ratu kaswargan,
yeku kang wadya balanya tyang nyebar kabar adya

3. Allah ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang temah kasurang-surang,
nging tyang ringkih ingauban pinaringan gung kabegjan karoban kaluberan,
Gusti miji pasucennya papan puruging manungsa, samya saos pisungsung
konjuk mring Allah Maagung dalah kang swau mbalela nggih samya asung puja.

4. Allah Juru Slamet yekti ngentas pra umat sing pati temah samya basuki,
para umat kang ngabekti dalah salumahing bumi samya nggunggung mring Gusti,
sestu Allah Maha luhur yogya pinuji lan masmur, nungkula neng ngarsanya
wit mung Gusti Kang Makwasa, yeku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.

KPK 3 - Gusti Allah Andel-andel Sejati

1. Nyawaku pujinen Allah Gusti mulyakna tansah
slawase sinungan umur luhurna srana masmur
krana tuking kraharjan yekti namung Pangeran.

2. Andel-andel kang sejati sajuga yeku Gusti,
salir jalma tanpa daya kwasane enggal sima,
tyang kang ngayom mring Allah tansah rinoban berkah.

3. Allah kang nitahken jagad kasetyane tan kendhat,
mbela tyang kinaniaya nulungi tyang sangsara,
njejegken kaadilan ngluwari pra lelaran.

4. Pangeran Allah Maasih ngrojongi tyang kang ringkih,
mbombong tyang sisah manahnya nyarasken tyang kang wuta,
tyang mursid den kasihi wah ngrukti tyang ketrini.

5. Pangeran jumeneng raja pangrehe ing slaminya,
tan nguciwakken kang nenga gya nylametken urnatnya,
sagunging tyang pracaya ngidungna Haleluya.

KPK 4 - Haleluya

1. Haleluya Pangeran aneng papan pamujan
pinujia asmanya dalah aneng akasa,
wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi
ngungkuli kang gung edi munggwing swarga lan ing bumi.

2. Linuhuma Hyang Agung klayan sagunging kidung,
binarung salir gangsa wah kang ngungelken swara,
geguritan dalah beksa makluk kang darbe nyawa,
ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haleluya

KPK 5 - Pamuji Konjuk Gusti

1. Pinuji puji Gusti kang nitahken jagad raya
Nggih siyang dalah ratri tansah luber sihrahmatnya,
Donya gingsir wah sirna sihnya langgeng slaminya

2. Pinuji puji Gusti nggih Allah kang Mahamirah,
pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah,
salir ingkang pinanggya dados margining begja.

3. Pinuji-puji Gusti Hyang Maluhur Mahasuci,
kang nucekken manungsa srana tinebus sing dosa,
wah tinuntun mring swargi mrih kraharjan sejati.

KPK 6 - Pamuji Ing Pangibadah

1. Dhuh Allah Ma suci kula asung puji ing pangibadah puniki
agung kamulyanta ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya
pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.

2. Dhuh Allah Makwasa kanthi trusing driya, kawula nlangsani dosa,
mugi angapunten sarta nucekaken, temah gesang kula ayem,
pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta.

3. Dhuh Allah Mamirah sru adrenging manah kula sami nyadhong berkah,
nggih sabda kang suci sabdanipun Gusti, kang paring gesang sejati,
pinuji Roh Suci kang ngenggalken budi, nilar gesang lami.

4. Dhuh Allah Maluhur kula saos sokur dalah pisungsung kang katur,
bandha sarta badan miwah kasagedan, dadosa kurban kang gesang,
pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng gusti.

KPK 7 - Puji Konjuk Allah

1. Puji konjuk Allah Rama puji konjuk Sang Putra
puji konjuk Sang Roh Suci Juru slamet sejati,
Haleluya, Haleluya Juru slamet sejati.

2. Pinuji Ratuning swarga Gustine pra manungsa,
nggih Ratuning pasamuwan Ratu sumbering gesang,
Haleluya, Haleluya Ratu sumbering gesang.

3. Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat,
wah milujengken manungsa krana gunging sih rahmat,
Haleluya, Haleluya krana gunging sih rahmat.

KPK 8 - Allah Maasih

1. Allah Ma asih asung putranya Allah Ma asih mring manungsa.
Reff :
mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

2. Gusti ingutus dadya pamarta, Gusti ingutus nebus kula.
Reff :
mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

3. Gusti Pamarta nombokken nyawa, Gusti Pamarta mbirat dosa.
Reff :
mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

4. Gusti marasken salir prihatin, Gusti nyirnakken ajrih kwatir
Reff :
mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

5. Kula sinungan tentrem raharja, kula sinungan pangaksama.
Reff :
mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

6. Kula sinungan gesang sejati, Kula sinungan kraton swargi
Reff :
mila kula ngidung Allah Ma asih Allah Ma asih mring manungsa.

KPK 9 - Pamuji Konjuk Allah Ma Agung

1. Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Ma agung
kang nitahken jagad raya wah langgeng kasetyannya
makluk wrata rinimatan krana sihing Pangeran
jagad tentrem lan raharja lamun manut pangrehnya

2. Surya, candra lan pra lintang samya nyunarken padhang,
peksi ngoceh mawurahan wah sato kewan girang,
tetuwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan,
sadaya sami memuja mring Allah Kang Makwasa.

3. Puji sokur lan panuwun konjuk Allah Mamulya,
kang sampun paring pitulung mring pra manungsa dosa,
kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati,
mesthi wilujeng, raharja, mulya langgeng ing swargi.

KPK 10 - Allahe Para Pracaya

1. Allahe para pracaya ing sadhengah jaman,
yeku pangauban kita tuking kasampurnan.

2. Aneng ngarsaning dhampamya papan katentreman,
panyuwun kang bener hyata mesthi kaleksanan.

3. Sajagad raya dumadi karana sabdanya
para titah angakeni kwasane Pangeran.

4. Allahe para pracaya lumintu pangrehe
mring sakehing kagungannya langgeng pangrumate.