KPK 11 - Sih Kawelasanipun Allah

1. Kula sami kekempalan memuji dhateng Allah
kang Maha asih Maha wlas ring sakehing tumitah.

2. Agung kanugrahanipun kang maring para umat agung
palimirmanipun mring tiyang kang mratobat.

3. Ngantos kang putra kinasih ingutus dhateng donya
awit sihe Allah inggih sinungken mring manungsa.

4. Supados sawaminira tetiyang kang pitajeng
mring Kang Putra sampun sima nging sinung gesang langgeng.

No comments:

Post a Comment