KPK 16 - Puji Mring Allah Kang Maha Wisesa

1. Puji mring Allah Pangeran kang Maha wisesa
muji ramya binarung lan sawernining gangsa
pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah.

2. Puji mring Allah kang sestu adil pangrehira,
ngreksa lan ngrimati srana lubering berkahnya,
nging saklangkung gung sihnya mring tyang dosa, tinebus temah waluya.

3. Puji mring Allah kang sung tentrem raharja nyata,
tansah ngganjar begja mring tyang kang sestu pracaya,
andel-andel wah pepadhang satuhu, pujinen lan trusing kalbu.

No comments:

Post a Comment