KPK 24 - Panggunggung Konjuk Mring Gusti

1. Swawi prakanca kang sami pracaya
Den sora sora angalembana
mring Gusti kita kang Maha wilasa.

2. Sihing Pangeran mring kita pra umat,
tanpa wilangan wah tanpa kendhat,
yogya pinuji lan pinundhi-pundhi.

3. Kita tyang dosa nging Allah ngaksama,
krana Kang Putra sinalib seda,
wit sihing Gusti kita dados suci.

4. Sihing Pangeran yogya den timbangi,
srana kasetyan tresna wah bekti,
nyaosken badan dados kurban gesang.

5. Swawi pra suci temen anglampahi,
prentahing Gusti, Gusti prajanji, tansah nulungi
srana Sang Roh Suci.

No comments:

Post a Comment