KPK 37 - Panggunggung Wit Sihing Gusti

1. Kula samya tetunggilan ngabekti mring Pangeran
wit sinungan kacekapan wah bagas kesarasan
Reff:
ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
wit ingayom ing sihira sestu tentrem raharja

2. Kula rinoban ing begja rinten dalu tan kendhat,
ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijad,
Reff:
ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
wit ingayom ing sihira sestu tentrem raharja

3. Kula rinimat ing Gusti srana sagunging titah,
mangsa kang silih gumanti samukawis mung endah.
Reff:
ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
wit ingayom ing sihira sestu tentrem raharja

4. Kawula nggih binerkahan lantaran mitra kadang,
sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan,
Reff:
ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
wit ingayom ing sihira sestu tentrem raharja

No comments:

Post a Comment