KPK 257 - Ing Golgota

1. Sinalib ing Golgota Putraning Allah seda
wit dadya kurban sanyata nggih ngruwat manungsa dosa
naraka wah antaka kwasane den sirnakna
saliring tyang winenganan korining Kraton swarga
Refrein:
ing Golgota Gusti seda marginira gung manungsa
mardika gesang nyata.

2. Sinalib ing Golgota Putraning Allah seda
nyulihi sagung manungsa anyanggi bebendu dosa
nyirnakken rehing pati mbabarken tresna yekti
wah nepangna jagad swarga mrih gesang tentrem rarja,
Refrein:
ing Golgota Gusti seda marginira gung manungsa
mardika gesang nyata.

No comments:

Post a Comment