KPK 265 - Salibing Sang Pamarta

1. Sinalib ing Golgota temah dugeng seda
Yesus kang tanpa dosa nebus gung manungsa
Reff :
Salibing Pamarta tuladha sanyata
mbelani mring sesami wit tresna sayekti.

2. Yesus rinoban siksa sinami durjana,
wit ngrimati tyang nandhang nulung tyang sangsara,
Reff :
Salibing Pamarta tuladha sanyata
mbelani mring sesami wit tresna sayekti.

3. Kristus ingewan-ewan siniya mrih mati,
wit nandukken katresnan mring tyang kang mengsahi,
Reff :
Salibing Pamarta tuladha sanyata
mbelani mring sesami wit tresna sayekti.

4. Gusti siniya-siya ingina tan kendhat,
wit ngasihi tyang dosa nuntun mring pitobat,
Reff :
Salibing Pamarta tuladha sanyata
mbelani mring sesami wit tresna sayekti.

5. Sang Mesih den gebagi tinaton sliranya,
wit tan pamrih nglabuhi bener adil nyata,
Reff :
Salibing Pamarta tuladha sanyata
mbelani mring sesami wit tresna sayekti.

No comments:

Post a Comment