1. Ing dinten gung Pentekosta kula sung pepuja
wit Sang Roh wus nuntun greja mrih lestantunira
Reff :
Dhuh Roh Suci maringana kasekten mring kula
mrih martosna Injil suci wradin mring sesami.
2. Dayaning Roh gesang suci katindakna yekti
pasamuwan nunggil tindak rukun wah sumanak
Reff :
Dhuh Roh Suci maringana kasekten mring kula
mrih martosna Injil suci wradin mring sesami.
3. Rehing Sang Roh gesang anyar muwuha binabar
mrih sadaya pasamuwan nyawiji sabadan
Reff :
Dhuh Roh Suci maringana kasekten mring kula
mrih martosna Injil suci wradin mring sesami.
4. Gesang ing Roh yeku tresna kawujudna nyata
mrih sestu tentrem raharja sumrambah ing donya,
Reff :
Dhuh Roh Suci maringana kasekten mring kula
mrih martosna Injil suci wradin mring sesami.
No comments:
Post a Comment