1. Dhuh Gusti sang Roh Suci
mugi rawuh ing ati
Nganyarna manah kula
mrih ing lampah prayoga
Setya bekti mring gusti
wah asih mring sesami
Wit panuntun paduka
Kula gesang sembada
2. Dhuh Roh Suci Roh Allah
Nggih nyantosakna manah
Lamun karoban susah
Tatag, tanggon tan sempalha
Manggul salib wit gusti
Martosken Injil suci
3. Dhuh Roh suci, Roh Kristus
Nuwuhna manah tulus
Andum berkah kabegjan
Tan mawang mring salir tiyang
Temah tentrem raharja
Sumrambah mring papadha
Wit panuntun Paduka
Gesang kula sembada
No comments:
Post a Comment