KPK 298 - Prayogining Brayat Kang Rukun

1. Sanyata prayogi wah endah mulya
Tyang sagriya rukun pitepangannya
Ngeronce katresan yekti
Berkahing Allah tansah ngerobi
Lir embun enjing kang anyrambahi
Mung kraharjan kang pinanggya

2. Brayat kang tut rukuning pitepangan
Lir pra imam kang piniji Pangeran
Nglantarken berkahing Gusti
Saya wetah samnya tunggal ati
Tansah kekah wah malih lestari
Gesang langgeng pandumannya

No comments:

Post a Comment