KPK 118 - Ingsun Yehuwah Allahira

1. Lah ingsun Yehuwah Allahira kang nyepengi tangan-tanganira
sestu Allah dados karosan kula mila kula tresna mring Paduka.

2. Lah Ingsun Yehuwah Allahira kang nyembadani panyuwunira
mangka dhawuhingsun: "lah kumandela, Ingsun datan negakake sira"

3. Lah Ingsun Yehuwah Allahira kang datan males durakanira
mula dhawuhingsun: "lah umareka, Ingsun kagungan sih palimirma

4. He, pra kesayahen, kamomotan padha mareka neng ngarsaningsun
Ingsun bakal paring tentrem lan ayem ing nyawanira tek'eng ndelahan

No comments:

Post a Comment