KPK 124 - Samekta

1. Pitulung kita kang rosa samekta,
lir mitra kang tuhu setya samekta,
lamun kesasar neng margi Gusti nglari lan nimbali
rumiyin myang samangke tetep samekta,
samekta, samekta,
rumiyin myang samangke tetep samekta.

2. Tansah mirsa bot repotmu: Gustimu
karsa nanggel k'rubedanmu: Gustimu
lamun pasrah ing Pyambake, kita mireng ing sabdane:
"Lah ta mareka marang Ingsun: Gustimu,
Gustimu, Gustimu.
Lah ta mareka marang Ingsun: Gustimu."

No comments:

Post a Comment