1. Ing paprentahaning Allah sadaya nengsemken,
Para titah samya rukun nilar pasulayan
sami dene angaosi migatosken liyan,
supeket ing pasrawungan bekti mring Pangeran
Reff :
Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.
2. Makaten kaanan donya yen kebekan sihnya,
tan ana sedya miala lan panggawe cidra,
wit karoban kawruh yekti tepang Hyang Masuci
kadya dhasaring samodra sinasaban toya,
Reff :
Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.
3. Kadya singa lan menjangan sami gegojegan,
mantun denya memengsahan mlegung sesarengan,
sami memitran saestu tresnanya satuhu,
wit pangrehing Hyang Makwasa lumintu makarya.
Reff :
Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.
No comments:
Post a Comment