KPK 80 - Kapyarsi Gusti Nimbali

1. Kapyarsi Gusti nimbali: "He wong kamomotan,
mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran",
kula ngayom maring Gusti temah ayem yekti,
wit sinung kraharjan nyata uwal sing antaka.

2. Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong ngelak, mareka,
nampanana banyu swarga temah urip nyata,"
kula ngungsi maring Gusti sinungan Roh Suci,
tinuntun mrih mursid yekti tresna mring sesami.

3. Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong dosa, mareka,
nampanana kurban suci rah srira sampuma,"
kula pasrah Sang Pamarta sinung sih rahmatnya,
wah ingangkat putreng Allah kang nglantarken berkah.

No comments:

Post a Comment