1. Bungaha susaha Gusti dak puji,
kang mranata gesang kula,
kula rinimat kalayan katresnan mila kula
pasrah pangrehnya,
Reff:
pasraha pasraha
ing sapangrehing Hyang Makwasa.
2. Sapinten awrating momotan kula, rencana godha myang susah,
yen kula enggal mulad Sang Pamarta, manah kula entheng lan bingah,
Reff:
pasraha pasraha
ing sapangrehing Hyang Makwasa.
3. Sanadyan kula kasinungan drajat, kaluhuran miwah pangkat,
namung kula tan prayogi gumunggung, nging tumungkul mring Hyang Maagung,
Reff:
pasraha pasraha
ing sapangrehing Hyang Makwasa.
No comments:
Post a Comment