KPK 43 - Nyuwun Enggaling Manah

1. Gusti kula sestu nalangsa, awit asring mbalela,
damel sekel galih Paduka, kelu ombyaking donya,
Reff:
dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa
mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka.

2. Sestu kula angraosaken sisah dening momotan,
nging lamun Paduka angapunten manah kawula padhang,
Reff:
dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa
mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka.

3. Sestu kawula ngraosaken ing katresnan Paduka,
wit Paduka tan negakaken kula kawratan dosa,
Reff:
dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa
mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka.

No comments:

Post a Comment